Surupe
donya wis ganti dadi esuk. Srengenge durung njedul, ananging semburat abang ing
sisih wetan wis katon mbranang. Manuk-manuk pating cruit, mbrebegi turuku sing
angler. Angop, “Huah…” tangi turu tanpa angop lan ngolet kuwi rasane kaya
jangan ora diuyahi. Ana ing meja sinauku wis ana klambi, make up, lan sapadhane sing wis tak tata apik saka mau mbengi. Jam
pitu mengko kelompok jathilanku entuk job
ana ing Dusun Nangkasewu. Amarga kuwi, apa sing dibutuhke mengko wis
daksiapake, supaya aku ora kremungsung lan telat.
Awakku sakjane radha ngregesi , tapi
piye maneh umpamane aku ora njikuk job iki
Simbok kudu luwih anggone nyambut damel. Simbok wis ora enom maneh, tapi
semangate golek dhuwit kanggo aku supaya
tetep bisa sekolah, iku gedhe. Rasane kuwi katon nyess ana ing ati, nalika mriksani Simbok ngumbahi klambi sing sak
abrek ing laundy kagunganne Bu Darso.
Ora tega, nanging aku biso ngrewangi Simbok yo pas bali sekolah. Sapeninggalane
bapak sowan dhumateng Gusti Allah, uripku lan Simbok kerasa luwih abot. Kanggo ngringanake
beban iku, aku melu njathil sing dhuwite bisa kanggo nambah-nambah.
“Mbok, kula pamit rumiyin, nggeh!
Assalamuaikum”
“Yo, Le. Ati-ati, ojo kesel-kesel.
Nek wes rada kesel mengko leren wae yo, Nur!” Kula percaya Simbok pareng donga
kangge kula. Simbok mesti kuatir yen anak lanange iki arep njathil. Simbok
dereng nate mriksani anggonku njathil, Simbok nate ngendika yen ora tega weruh
anake golek dhuwit nganti koyo ngono.
Acara jathilan wis dimulai, saiki
genthi giliranku tampil ana ing ngarepe wong-wong sing wis rame muteri
lapangan. Awakku rasane abot, saya suwi rasane ana sing ngleboni awakku, banjur
kuwi aku ora kelingan ora sadar. Awakku kesurupan roh, pramila anggonku polah
ora kaya wong lumrah. Atraksi sing daklakoni biasane kaya ngadheg lan salto ing dhuwure pecahan beling, mangan
kembang, gabah, silet, uga pitik mentah.
Awak iki lemes banget rasane, sirahe
lumayan mumet. E, malah Pak Supri utawa pawang kelompokku nyemprot raiku
nganggo banyu. “Aduh, Pak. Kula pun sadar” kandhaku supaya Pak Supri mboten
nyemprot aku maneh. Dak deleng kiwa tengen sepi nyenyep, ora ana wong maneh.
Lapangan sing mau akeh wong, ganti angin-angin sing sumilir tanpa swara.
“Iki jatahmu, Nur. Jogedmu mau apik
lho, top tenan!” Pak Supri ngendhika
kalihan maringi kula amplop putih.
“Matur nuwun, Pak. Kula wangsul
rumiyin, Simbok sampun nengga.” pamitku marang Pak Supri.
“Ya, ati-ati.”
Rasane seneng, upahku njathil dina
iki Rp 20.000, biasane namung Rp 15.000. Alhamdulillah, niki rejeki kangge
Simbok. Wis 3 taun aku dadi pemain jathilan lan dakrasake iku ora gampang.
Taksih ditingali setengah mata, syiriklah, njijikilah, tapi aku bangga bisa
dadi salah sijine pemain iku. Aku ora isin urip saka dhuwit njathil uga
kekancan karo sing jenenge jathilan. Jathilan kuwi wis dadi guru sing ora tahu
kesel ngancani aku nglewati beban urip. Dadi aja maneh gadhah pemikiran sing
mboten-mboten dhumateng jathilan, niki namung kabudayan sing kedhah
disengkuyung. Aja isin kekancan karo jenenge jathilan. Yen ora awake dhewe sapa
maneh sing bakal ngancani lan nyengkuyung kabudayan jathilan iki?
Ratna Azizah Puteri
5 Juli 2014
0 comments:
Post a Comment